Jumat, 03 September 2010
Kamis, 20 Mei 2010
Ken Arok
Ken Arok yaiku pemuda kang senengane nyolong lan judi. Ken Arok kagungan bapak angkat kang asmanipun Lohgawe lan kagungan pacar ingkang asmanipun Ken Umang. Ingkang sawijining dinten prajurit tumapel lan kelompok Ken Arok rusuh kang akhire dilerai kaliyan ken Arok. Yen Ken Arok lagi ngumpul-ngumpul karo kanca-kancane, lohgawe dhateng lan marani Ken Arok. Lohgawe nasehati ken Arok supaya saged dados pemimpin kang becik ora acting tok.
Tunggul Ametung, pemimpin wilayah Tumapel lan garwanipun kang asmanipuin Ken Dedes dhateng lan ngomong-ngomong kaliyah Lohgawe. Lohgawe berusaha supaya Ken Arok bisa kerja dadi pengawal Tunggul Ametung lan akhire Tunggul Ametung gelem nampa Ken Arok.
Ken Arok terpesona kaliyan kecantikan ken Dedes garwanipun Tunggul Ametung. Ken Arok pengen ngrebut Ken Dedes saking Tunggul Ametung. Ken Arok mbutuhaken keris ampuh kangge mejahi Tunggul Ametung. Ken Arok pesen keris ing Mpu Gandring. Mpu Gandring sanggup ndamel sebilah keris ampuh ing wekdal setaun. Ken Arok mboten sabar. Lagi limang bulan, Ken Arok dhateng mendhet pesenanipun. Nanging keris iku dereng sempurna. Keris iku langsung direbut kaliyan Ken Arok lan dipuntusukaken ing dadanipun Mpu Gandring ngantos pejah. Sederengipun pejah, Mpu Gandring ngucapipun kutukan ingguh punika keris iku bakal mejahi 7 orang, mlebet Ken Arok dewe niku piyambak.
Wangsul ing Tumapel, Ken Arok nglakoni rencana licikipun. Ken Arok mundhutake wangkingan pusakane kalih Kebo Hijo, rencange sepadha pengawal. Kebo Hijo mamerake wangkingan niku kaliyan kabeh tiyang kang ditemoni.
Lajeng. Ken Arok nyolong keris pusaka niku saking tangan Kebo Ijo. Lan nyusup ing kamaripun Tunggul Ametung lan mejahi Tunggul Ametung. Ken Dedes ngertos nalika Ken Arok mejahi Tunggul Ametung nanging Ken Dedes tresna kaliyan Ken Arok.
Kebo Hijo dituduh mejahi Tunggul Ametung dados Kebo Ijo dipunhukum mati . Ken Arok langsung nikahi Ken Dedes lan Ken Umang, pacaripun Ken Arok dipundadosaken selir.
Layang Ulem 2
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
kanthi nyenyuwun rahmatipun Gusti Allah SWT saha angganjar wilujeng ing samudyanipun kula badhe ngawontenaken tasyakuran kangge anak kula kang saged dados dokter Insya Allah badhe diwontenaken benjing :
ari : Setu, 23 Mei 2010
wekdal : 09.00-rampung
mapan ing: Griya kula ing Perum Rendole Indah Blok F
Ing wasana menggah kepareng rawuh panjenengan sekaliyan kula ngaturaken agunging panuwun.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
Saking kula,
Supeno-Tinawati
Layang Ulem 1
SMPNegeri 3 Pati
Jl. Kol. R. sugiyono No 17 pati
________________________________________
Bab : ulem Ingkang kinurmatan
para siswa-siswi
Salam taklim,
Panjenengan kula aturi rawuh ing perpisahan kelas III taun 2010
dinten/tanggal : Sabtu, 15 Mei 2010
panggenan : Gedung Rajawali
wekdal : tabuh 08.00-rampung
wigatos : adicara perpisahan kelas III taun 2010.
Saking kawigatosan panjenengan, kukla aturaken matur
Taklim kula
Ketua Sekretaris
Aini Annisa Sena Andini
Guru pembimbing
Dra. Wahyuningsih
NIP. 1972020411110908
Rabu, 20 Januari 2010
Pidato Bapak Joko Wahyudi (bapak lurah)
Para sesepuh, hadirin lan hadirat ingkang kula mulyaken. Pak Amir ingkang kula hormati .
Ingkang sepindah mangga kita panjatken kehadirat Gusti Allah, amargi kita tasih diparingi kenikmatan supados kita saged nglempak ing ngriki.
Keparengan ing titi ngajeng, kula wakilipun warga Desa Condong Catur badhe matur, ingkang sepindah mangga kita panjatken puji syukur kepada Gusti Allah amargi Pak Amir saged nindakaken rukun islam kaping gangsal, inggih punika haji.
Ingkang kaping kalih, kula lan para warga ndherek remen amargi Pak Amir saged haji, kula lan para warga nyuwun ngapura dumateng Bapak Amir. Mugi-mugi Pak Amir tansah keparingan sehat, bagas waras, sedaya rancak widodo ing sambikala lan dados haji mambrur.
Mekaten ingkang kula saged ngendika
Wassalamualaikum wr. Wb