Jumat, 03 September 2010

This is ~The Devils~

Tapi ini belum lengkap cuy..
masih kurang dua yaitu si  dena dan uyun ..


Kamis, 20 Mei 2010

Ken Arok

          Ken Arok  yaiku pemuda kang senengane nyolong lan judi. Ken Arok kagungan bapak angkat kang asmanipun Lohgawe lan kagungan pacar ingkang asmanipun Ken Umang. Ingkang sawijining dinten prajurit tumapel lan kelompok Ken Arok rusuh kang akhire dilerai kaliyan ken Arok. Yen Ken Arok lagi ngumpul-ngumpul karo kanca-kancane, lohgawe dhateng lan marani Ken Arok. Lohgawe nasehati ken Arok supaya saged dados pemimpin kang becik ora acting tok.

 Tunggul Ametung, pemimpin wilayah Tumapel lan garwanipun kang asmanipuin Ken Dedes dhateng lan ngomong-ngomong kaliyah Lohgawe. Lohgawe berusaha supaya Ken Arok bisa kerja dadi pengawal Tunggul Ametung lan akhire Tunggul Ametung gelem nampa Ken Arok.

Ken Arok terpesona kaliyan kecantikan ken Dedes garwanipun Tunggul Ametung. Ken Arok pengen ngrebut Ken Dedes saking Tunggul Ametung. Ken Arok mbutuhaken keris ampuh kangge mejahi Tunggul Ametung. Ken Arok pesen keris ing Mpu Gandring.  Mpu Gandring sanggup ndamel sebilah keris ampuh ing wekdal setaun. Ken Arok mboten sabar. Lagi limang bulan, Ken Arok dhateng mendhet  pesenanipun. Nanging keris iku dereng sempurna. Keris iku langsung direbut kaliyan Ken Arok lan  dipuntusukaken ing dadanipun Mpu Gandring ngantos pejah. Sederengipun pejah, Mpu Gandring ngucapipun kutukan ingguh punika keris iku bakal mejahi 7 orang, mlebet Ken Arok dewe niku piyambak.

Wangsul ing Tumapel, Ken Arok nglakoni rencana licikipun. Ken Arok mundhutake wangkingan pusakane kalih Kebo Hijo, rencange sepadha pengawal. Kebo Hijo mamerake wangkingan niku kaliyan kabeh tiyang kang ditemoni.  

Lajeng. Ken Arok nyolong keris pusaka niku saking tangan Kebo Ijo. Lan nyusup ing kamaripun Tunggul Ametung lan mejahi Tunggul Ametung. Ken Dedes ngertos nalika Ken Arok mejahi Tunggul Ametung nanging Ken Dedes tresna kaliyan Ken Arok.

Kebo Hijo dituduh mejahi Tunggul Ametung dados Kebo Ijo dipunhukum mati . Ken Arok langsung nikahi Ken Dedes lan Ken Umang, pacaripun Ken Arok dipundadosaken selir.

Layang Ulem 2

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

       kanthi nyenyuwun rahmatipun Gusti Allah SWT saha angganjar wilujeng ing samudyanipun kula badhe ngawontenaken tasyakuran kangge anak kula kang saged dados dokter Insya Allah badhe diwontenaken benjing :

        ari              : Setu, 23 Mei 2010

        wekdal      : 09.00-rampung

       mapan ing: Griya kula ing Perum Rendole Indah Blok F 

Ing wasana menggah kepareng rawuh panjenengan sekaliyan kula ngaturaken agunging panuwun.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

                                                                                                             Saking kula,

                                                                                                         Supeno-Tinawati

Layang Ulem 1

Organisasi Siswa Intra Sekolah
SMPNegeri 3 Pati
Jl. Kol. R. sugiyono No 17 pati
________________________________________
No : 10/OSIS/V/’10                                10 Mei 2010
Bab : ulem                                               Ingkang kinurmatan
                                                                  para siswa-siswi 
                                                                    sedaya ing dalem 

           Salam taklim, 
         Panjenengan kula aturi rawuh ing perpisahan kelas III taun 2010
ingkang badhe dipun wontenaken :
           dinten/tanggal : Sabtu, 15 Mei 2010
           panggenan        : Gedung Rajawali
           wekdal               : tabuh 08.00-rampung
           wigatos              : adicara perpisahan kelas III taun 2010.
          Saking kawigatosan panjenengan, kukla aturaken matur
nuwun.

                                                                               Taklim kula 
           Ketua                                                           Sekretaris  

       Aini Annisa                                                     Sena Andini
                                         Guru pembimbing


                                         Dra. Wahyuningsih
                                      NIP. 1972020411110908

Rabu, 20 Januari 2010

Pidato Bapak Joko Wahyudi (bapak lurah)

Assalamualaikum wr. Wb.
Para sesepuh, hadirin lan hadirat ingkang kula mulyaken. Pak Amir ingkang kula hormati .
Ingkang sepindah mangga kita panjatken kehadirat Gusti Allah, amargi kita tasih diparingi kenikmatan supados kita saged nglempak ing ngriki.
Keparengan ing titi ngajeng, kula wakilipun warga Desa Condong Catur badhe matur, ingkang sepindah mangga kita panjatken puji syukur kepada Gusti Allah amargi Pak Amir saged nindakaken rukun islam kaping gangsal, inggih punika haji.
Ingkang kaping kalih, kula lan para warga ndherek remen amargi Pak Amir saged haji, kula lan para warga nyuwun ngapura dumateng Bapak Amir. Mugi-mugi Pak Amir tansah keparingan sehat, bagas waras, sedaya rancak widodo ing sambikala lan dados haji mambrur.
Mekaten ingkang kula saged ngendika
Wassalamualaikum wr. Wb

Jumat, 23 Oktober 2009

Asal Mula Desa Kajen

Wonten ing sebrang lor pesisiran ing Pati wonten desa ingkang anggadhahi asma Kajen. Samenika wonten ing desa niki kathah tiyang – tiyang saking pundike mawon ingkang sami Ziarah wonten ing Makam Mbah Mutamaqin. Wonten ing maka menika mboten nate sepi saking penzirah-penziarah, dinten napake mawon. Senajan iku esok, awan, sore. Apa maneh wengi, ora nate sepi saking penziarah. Kemashuran Mbah Mutamaqin sampun mboten dipun sepelekake malih. Kathah ingkang maosake surat yasin lan maosake tahlil lan uga wonten ingkan ngapalake qur’an. Ugi wonten ingkang nyuwun ijabahe supadhos angsal kepinteran lan sapanunggalanipun.
Desa Kajen samenika asalipun saking Mbah mutamaqin. Kacariyos mekaten :
Mbah Mutamaqin anggadahi pangingon inggih menika Jin ingkang katah. Cekak cerita, Mbah Mutamaqin menyang ing mekah dipun gendong jin. Nanging dereng ngantos mekah jin menika nibakake mbah mutamaqin ing segara. Banjur Mbah Mutamaqin ketemu kaliyan iwak kang ageng. Ora suwe Mbah Mutamaqin numpak iwak kang gedhe mau ning tepi laki Nil. Banjur Mbah Mutamaqin bisa ngakoni Kaji ngantos rampung.
Sak rampungi kaji, Mbah Mutamaqin mboten anggal kendaraan kangge bali menyang tanah jawi. Nanging atine mantep yen deweke bisa bali ing tanah jawi. Ora let suwe Mbah Mutamaqin kepadhosan tiyang wonten ing Mesjid. Durung wae ngomongake apa sing di adepi, wung kuwi wis ngerti dewe. Mbah Mutamaqin manut lan mantep yen iki pancen pitulungane sing gawe urip. Mbah Mutamaqin di wenehi pesen : “aja melek yen durung tekan lemah”. Mbah Mutamaqin merem. Wong mau, ngepruk Mbah Mutamakin sing lagi sila nganggo tongkat ning tangane. Banjur Mbah mutamakin mletik aduh, tiba ing disa sing di jenengake Cebolek (sing artine ceblok terus melek). Banjur melaku terus ning arah kulan sangka desa cebolek banjur netep ning kana.
Mbah Mutamakin netep ing kulan desa Cebolek kuwi akeh sing geting. Apa tenan wong kuwi kaji ijen? Banjur suwene netep ing kana, Mbah Mutamaqin ngamalake ilmune teng mriku. Banjur suwene Zaman papan panggenan kuwi dijenengake Desa Kajen ( Kaji Ijen), sing saiki dadi kutha santri ing daerah kuwi. Cekak cerita nganti saiki sabanjure Mbah Mutamaqin ing wulan Suro. Saben siji sura okeh wong-wong sing Ziaroh ing ngriku.

Rabu, 26 Agustus 2009

Ngoko Lugu

Nyinau Basa Jawi Kanthi Raos Tresna

     Akeh sing ngomong yen Basa Jawa iku angel, malah ana uga sing nduwe panemu yen sinau basa jawa iku luwih angel yen dibandingna karo sinau basa manca. Padahal sing nduwe panemu mau wong asli jawa. Piye kok iso ngono ? Apa bener bas jawa iku mesti angel ? Omongane para sepuh, sejatine basa jawa iku ora angel. Yen digawe angel yo bakal angel tenan. Basa Jawa dianggep angel amarga ing basa jawa ana sing diarani undha-usuk utawa unggah ungguh basa. 
     Unggah ungguh basa mau dibagi dadi 4. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus. Saka unggah ungguh basa jumlahe 4 mau sing dianggep gampang dewe yaiku ngoko lugu, basa ngoko lugu akeh sing digunakake ing kaluwarga jawa, digunakake kanggo omongan wong tuwa karo wong enom utawa bocah, uga kanggo omongan bocah karo bocah, utawa wong tuwa karo wong tuwa sing wis raket srawunge.
      Dene unggah ungguh basa kang dianggep angel yaiku basa krama alus, amarga kudu akeh ngapalake tembung – tembung, mligine tembung sing kanggo ngajeni marang wong tuwa. Bab undha-usuk utawa unggah ungguh basa mau tumrap para siswa bias disinauni ing jerone ulangan basa jawa ing sekolahan. 
      Rikala anane keputusan gubernur Jawa Tengah nomer 895.5/01/2005 bab kurikulum basa jawa, basa jawa terus dadi wulangan wajib sing diwenehake ing sekolahan – sekolahan rikala saka SD ( Sekolah Dasar ) nagnti tekan SMA ( Sekolah Menengah Atas ). Sakdurunge ana keputusan gubernur kasebut, wulangan basa jawa mung kanggo ganep – ganepan, mung diwulangake ing tingkat SD nganti SMP. Saiki basa jawa rikala entuk kalonggaran jagongan muga – muga wae bisa njalari basa jawa dadi luwih ngrembaka, ora ajeg nggatekake. 
     Akeh para wong pinter basa sing pada omongan yen sejatine sing njalari basa jawa dadi digatekna iku ora liya yo saka wong jawa dewe. Akeh – akehe wong jawa ora ngulinakake nganggo basa jawa ing urip sabendinane. Biasane yen basa jawa ora praktis, kurang komunikatif, lan liya – liyane. Kenyataane wektu iki akeh kulawarga – kulawarga jawa anggone pada mulang anakke ora nganggo basa jawa. Utamane ibu – ibu sanadyan asli wong jawa nanging kaya – kaya wis pada lali karo basa jawa. Kabukti nalika nduwe anak, rikala lahir anakke ora wis dikulinakake nganggo basa indonesia. Babar pisan ora dikulinakake omongan basa jawa. 
     Dadi bocah – bocah pada ora mudeng karo basa jawa.Opo meneh unggah – ungguh. Sebagian ibu – ibu mau pada omongan yen ing jaman teknologi tansah maju iki basa jawa ora pati perlu lan meneh saiki umume pada nganggo basa indonesia. Mula milih nganggo basa indonesia wae sing omongane luwih gampang. Panemu mau ana benere nanging uga akeh salahe. Wis dingerteni wong akeh yen basa jawa iku ora mung bisa kanggo srawung wae. Luwih saka iku basa jawa uga bisa kanggo marahi bab tata krama, sopan santun, lan budi pekerti marang bocah – bocah. 
Karo ngulinakake nganggo basa jawa supaya bocah – bocah mau bisa luwih duweni tata krama sing apik karo unggah ungguh basa. Basa jawa iku tetep duweni keapikan menawa yen ditandhingake karo basa liyane. Matur nuwun.
     Minangka conto, aku tau maca sawijining rubrik pendidikan ing majalah jaya baya, sing nyebutake yen tembung – tembung ing basa jawa iku apik – apik. Lagi anggone ngucapake wae beda karo tembung – tembung ing basa liyane. Upamane tembung ”maturnuwun” anggone ngucapake mesti nganti sareh. Beda karo anggone ngucapake tembung thank you, terima kadih, kamsia. Sing bisa diucapake nganti seru utawa banter. Basa jawa bisa disinauni kanggo cara sing werna – werna, kaya sing isih tak lakoni cara – cara mau upamane bisa sinau lewat buku – buku basa jawa ing sekolahan. Mligi para siswa menawa nemoni bab – bab sing ora cetha kudu wani takon marang bapak lan ibu guru basa jawa. 
     Kanggo sing durung weruh majalah lan koran basa jawa ikui isine werna – werna, wiwit dongeng kanggo bocah – bocah, kabudayan, kasusastran nganti paramasastra kabeh ana. Kanthi asring maca wacanan basa jawa mau ora krasa pangerten kita bab basa jawa bisa mundhak. Sawisa seneng maca yen nemoni bab – bab sing kurang cetha bisa takon karo para sesepuh sing pinter ing babagan basa lan kabudayan jawa. Umume para sesepuh mau nyata pinter tenan. Sakteruse perkara kasil lan ora anggone sinau basa jawa mau gumantung marang awake dewe – dewe. Sing penting sakdurunge wiwit nyinau basa jawa luwih disik kudu duwe niat sing kuat kanthi dilandesi rasa seneng marang basa jawa. Nindakna penggaweyan apa wae yen dilandesi rasa seneng lumrahe nemoni asil sing apik lan nyenengake. Luwih apik dadi wong sing dikodrat dadi wong jawa ayo pada nduweni rasa seneng marang basa jawa. Sapa meneh sing kudu nyenengi nek ora wong jawa dewe. Yo aku karo kowe kabeh.