Kamis, 30 Juli 2009

Tugas Basa Jawa

  1. Kebo nusu gudel = wong tuo njaluk warah wong nom
    Rama diutus rencange supaya ngetik laporan nganggo komputer . Nanging rama ora bisa nggunaake komputer. Rama nyuwun ajari ngetik ning computer karo masku.
  2. Timun wungkuk jaga wimbuh = wong bodho kanggone yen dienggo genep-genepan
    Yen pelajaran basa jawa, Pak Tanto dawuhi murid-murid supaya damel kelompok sing ana 4 murid ning 1 kelompok. Kelompoke Adi lagi ana 3 murid lan Tono dhurung oleh kelompok. Akhire Adi ngajak Tono supaya melu kelompoke Adi sanajan Tono ora pinter supaya kelompoke Adi genep.
  3. Cedhak celeng boloten = cedhak wong ala bakal melu ala
    Sadhurunge pindah sekolah, Nani iku bocah sing pinter lan sopan. Nanging saiki Nani dadi bocah sing males sinau dadi nilaine mudhun amarga kancane nign sekolah pada nakal-nakal lan males-males.
  4. Anima putra = ngungkiri tulisane dhewe
    Nita nulis peraturan sing digawe ning kertas. Peraturan iku bakal dilaksanaake ing sekolah. Kabeh muruid lan guru pada naati tapi malah Nita ngelanggar peraturan sing digawe dhewe dadi Nita kena hukuman saka guru.
  5. Arep jamure emoh watange = Gelem kepenake ora gelem rekasane
    Tasya lan Ani oleh tugas saka Pak Dani. Nanging Ani ora gelem ngerjakake tugase dhewe lan ngakon Tasya supaya gerjakake tugase. Akhire Tasya ngerjakake tugase Ani. Yen tugase dibagi, Ani oleh nilai 9 nanging Tasya oleh nilai 8,5.
  6. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
    Yen dolanan kalian kancane, Anton ngrusakake dolanane kancane. Kancane Anton ngijoli dolanan mau. Anton njaluk ramane supaya mundhut dolanan kanggo ngijoli kancane.
  7. Bapak kesolah anak molah = yen wong tuo oleh prakara, anak ug melu ngrasakake lan melu tanggung jawab
    Pak Tono kagungan utang nanging Pak Tono mboten saged nglunasi utang mau. Pak Tono dadi tiyang sing mboten kagungan amarga daleme disita lan larene ora bisa sekolah lan malah nyambut gawe supaya oleh duwit.
  8. Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
    Tsunami taun 2004 ing Aceh damel katah tiyang dados korban. Akih sing keilangan dulure, omahe lly. Kabeh tiyang pada muwun amarga tsusami iku.
  9. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune 
    Putri diparingi guci saking budhene. Budene dawuhi Putri supaya nyimpen guci mau. Guci mau ora disimpen nanging malah kewalikane Putri ngeletakake guci ing pinggir meja. Yen mlaku, Putri nabrak meja lan gucine runtuh lan pecah.Putri nyesel amarga ora nimoen guci saka budhene.
  10. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
    Fian iku bocah sing pinter. Pak guru nerangake materi anyar. Sawise nerangake, pak guru ngadakake ulangan. Fian oleh nilai 100 sanajan pak guru lagi nerangake.
  11. Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone
    Aku duwe tangga sing ora tau manggen ing daleme. Paling kondur saking kerja langsung tindak malih. Sawise kondur saka tindak, biasane tindak ing daleme rencange. Yen wis tengah wengi, tanggaku lagi kondur saka rencange.
  12. Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik
    And iwis 16 taun, nanging yen mangan mesthi disulang kaliyan ibune. Yen arep turu mesthi dicritakake dhisik. Lan yen Andi lungan ing omahe kancane mesthi ibuke nengga Andi ing omahe kancane.
  13. Eman-eman ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman
    Aku duwe roti. Rotiku arep dak pangan sesuk-sesuk supaya ora cepet ntek, nanging yen dulurku dolanan ing omahku rotiku dipangan nganti ntek lan aku ora keduman.
  14. Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
    Yen pelajaran Bu Atik, Arul takon ning Bu Atik nangingi mesthi ora tau dijawab. Nanging yen Amir takon kaliyan Bu Atik mesthi di jawab amargi Amir luwih pinter dari pada Arul.
  15. Gagak nganggo laring merak =wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe.
    Ina isih 9 taun. Nanging Ina seneng nggunakake kosmetik yen biasane digunakake kaliyan wong gedhe.
  16. Golek banyu bening = menggolek kawruh sing becik.
    Yen SMA Andi sinau tenanan. Andi melu les tambahan supaya Andi bisa lulus SMA lan kuliah ning luar negri. Yen lulus SMA, Andi milih kuliah ning Australia supaya kawruhe tambah lan Andi bisa dadi dokter sing pinter.
  17. nJaluk ora wewehan = seneng njaluk ora gelem wenehi
    Yen kanca-kancane nggawa panganan, mesthi Tito njaluk. Kabeh kancane tau dijaluki panganan karo Tito. Yen njaluk mesthi njupuk sing akih, nanging yen Tito duwe panganan ora gelem wenehi kanca-kancane.
  18. Kaya banyu karo lenga =paseduluran kang ora bisa rukun
    Doni duwe adhik jenenge Dino. Sanajan sedulur nanging Doni lan Dino ora kaya dulur. Yen ketemu mesthi tukaran.
  19. Kenes ora ethes = wong sing sugih tapi ora disenengi
    Pak Dio iku wong sugih nanging Pak Dio kagungan watak kang pelit dadi akih sing ora seneng karo Pak Dio.
  20. Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab
    Ahmad numpak motor karo cepet. Yen tekan prempatan, ana bocah sing lagi nyabrang nanging Ahmad ora bisa ngerem sepeda motore. Akhire bocah mau ketabrak nanging Ahmad ora tanggung jawab malah kabur.